Headlines News :
Home » » Sesambat

Sesambat

Written By Zamroni Allief Billah on Rabu, 13 April 2011 | 10.22


Allief Billah


Wit-witan aclum
banyu kali asat
lemah, sawah, pategalan
garing padha nela
: sambat

kurang banyu mangsa ketiga
ilang watu-watu kang dadi tandhon
nyimpen banyu panguripan

banjir bandhang mangsa rendheng
tanpa kekayon kang tansah ngayomi
nyengkerem anggondheli bumi

sawah pategalan
mung bera mangsa ketiga
ora cukul tetanduran
kaya biyen rikala
gunung-gunung gagah pideksa

sakdurunge dijungkuri
pengusaha lan panguwasa
murih bathi tanpa petung

Rembang, November 2010


Share this article :

0 comments:

Posting Komentar

 
Powered by : Day Milovich | SuaraRembang.net
Copyright © 2012. Omah Rembang - All Rights Reserved
Modified by Day Milovich
Proudly powered by Blogger