Headlines News :
Home » , , » Paijah Ratu Facebook

Paijah Ratu Facebook

Written By Zamroni Allief Billah on Senin, 11 April 2011 | 19.40


dening Allief Zam Billah 


Paijah Ratu Facebook

        Sedina muput Mansyur kliteran ngubengi desa golek berita lan sajake uga golek jaringan sebab ing akhir-akhir iki berita lokal uga sawenehe koran lokal lagi geger beritaake yen arep ngadeg pabrik gede Semen Grejik kang bakal direalisasi ing kutha cilik Remban kang akeh kandungan karst, bahan baku kanggo semen

      Mansyur sregep golek jaringan ngumpulke para kadang tani kang yektine ngrasaake imbase secara langsung yen pabrik kuwi bener-bener direalisasi ana Remban, uga nyoba buka golek info marang LSM uga liya-liyane kang perduli karo masalah lingkungan.
Kesel awake bubar sholat maghrib ngaras ngirus istirahat dheweke buka facebook, dideleng ana inbox emboh teka sapa gage dibuka karo dheweke.

      “Mas Mansyur kumaha damang? check in yuk...” kaget atine mak plas ora gage dibales merga dheweke rumangsa yen durung kekancan karo wanita sing inbox kuwi.
       “Paling ya cah iseng,” ngono grenenge Mansyur. Banjur dheweke buka beranda facebook jebul ing kono ana permintaan pertemanan saka bocah wadon kang ngajak check in mau.
         “Permintaan pertemanan Paijah Ratu Facebook,” Mansyur bareng weruh sapa kang jaluk pertemanan marang dheweke, banjur kelingan marang critane Dimas kanca rakete kang saiki lagi tukar padu karo Niken bojone.

Critane, Niken cemburu marang Dimas merga dheweke intim banget karo wanita kang jejuluk Paijah kuwi mau. Ngelingi lan kuwatir yen kedadian kang tumiba ing Dimas mengko kelakon ing rumah tanggane, banjur permintaan kuwi mau ora diconfirm karo Mansyur.
           “Yen kowe pengin ngerti sejatine Paijah, ya confirm wae,” ngono ucape Dimas marang Mansur, sing lagi jejagongan ngopi bareng ing sawijine sore ana warung kopine Yu Ti’ah. Warung kopi iki pancen enak tenan tuture wong kang doyan ngopi, mesthi dikothok lan ya mak jleg tenan rasane.
           Apa maneh silir-silir angin sore kang  ngelus rambute Dimas kang rada dawa, kaya ngawe awe Mansur gek ndang confirm Paijah. Sangisore wit trembesi kang wis umur atusan tahun kuwi sangsaya gawe atine Mansyur tumlawung ngulandara ing alam pangangen, mikir sapa sejatine wanita kang durung kenal nanging kok kendel banget ngajak sing ora-ora.
          “Asline bocah wadon kuwi mau ing inboke ya menehi nomer telpun kok Mbah,” Mansur isih penasaran karo wadon mau.
           “Lha ya ta Sur, yen kowe penasaran ya telpunen utawa kowe gaweya akun liya kanggo nyelidhiki sapa sejatine Paijah kuwi!” sajake Dimas rada emosi marang Mansur merga ijih takon wae.
Rumangsa dipojokake, Mansur ora bisa jawab banjur buka hape-ne, buka facebook jebula nan cathetan anyar.
          “YU PAIJAH DOYAN BRONDONG,” mak tratap Mansur kaget ngerti tulisan kuwi mau kang digawe Yu Jipin kancane kang saiki ana Taiwan dadi TKW. Diwaca jlimet apa kang ana note kuwi mau banjur Mansur gedheg-gedheg.
           “Iki durung-durung kok critane ngene to Mbah?” takone Mansur marang Dimas.
            “Lha pancen ya ngono kok!” ucape Dimas rada banter banjur nyedhot rokok kreteke,
            “Nanging iki gak proporsional menurutku”
           “Gak proporsional dengkulmu!” Dimas rada emosi merga kaya kaya Mansur belani marang Paijah
           “Aku iki wis ngawaki dhewe marang wadon sing jeneng Paijah kuwi! Sing ditulis Yu Jipin kuwi pancen kisah nyata!”
            “Yo ora ngono Mbah, aku ya ora belani Paijah sing aku dhewe ya ora kenal marang wadon kuwi, nanging yen miturutku iki isih rupa dzon utawa prasangka,”
             “Pancen Paijah kuwi senengane brondong Sur, delengen wae puisine lak akeh sing tentang cinta, malah aku tahi diblokir barang gara-gara....,” Dimas ora nerusake ucape
             “Gara-gar cemburu ta?”
              “Ora, nanging merga dheweke rumangsa kesindhir karo salah sijine puisiku”
               “Lha miturut sampeyan eleke ana babagan sing ngendi?”
                “Ya wis lah mbah yen ngono,” banjur Mansyur jaluk pamit marang Dimas arep mulih merga wektune wis surup wayahe sholat maghrib.
Bareng tekan ngomah banjur krana rasa penasarane sakwuse sholat maghrib facebooke dibuka maneh. Inbox dibuka diwaca maneh tulisan kirimane Paijah nanging dumadakan wetenge lara banjur hpne ditinggal ana meja dheweke mlayu ana WC.
                “Maas! Sapa Paijah iki!” Ana, bojone Mansyur bengok sak bantere emosi merga ing inboke bojone ana tulisan sing ngajak check in.
Sakwuse bubar ana mburi, Mansur banjur nyedhaki bojone
                 “Ngene lo dhik, aku iki ya ora ngerti sapa wadon kuwi, kowe aja kesusu nesu dhisik, wong aku ya durung kekancan marang wadon iki, malah dheweke lagi jaluk permintaan pertemanan iki lho,”  Mansur jelasake marang Ana. Banjur dibuka bareng-bareng ing permintaan pertemanan kuwi mau jebul ing kono ana pesen ing ngisore kang katulis
               “Mas ini Euis Sa’diyah temanmu dulu di Pesantren Al- Falah Bandung”
jebul inbox teka Euis kancane sing suwe ora nate ketemu. Kanggo nyamarake identitase mula saiki nganggo jeneng Paijah Ratu Facebook.

Rembang, 19 Novemver 2010


Share this article :

0 comments:

Posting Komentar

 
Powered by : Day Milovich | SuaraRembang.net
Copyright © 2012. Omah Rembang - All Rights Reserved
Modified by Day Milovich
Proudly powered by Blogger