Saben prakara ing donya iki ana pitukone. Sing kaya mengkono iku kaya wis lumaku kadidene pesthine gusti. Lumaku kaya dene lakune rina kelawan wengi, isuk lawan sore. Kabeh dumadi krana kanggo sarana pepaking lelaku lan tinitah ing ngalam donya iki.
Semono uga ingdalem prakara liyane. Kanggone wong kang duweni gegayuhan luhur ora bakal kelakon lamun ora temenanan anggone angranggeh gegayuhane kuwi. Kaya dhawuhe Pranoto, salah sijine sesepuh Sale. "Sapa sing temen bakal tinemu," ujare.
Tinemu apa sing dadi kekarepan lan gegayuhane mau sarana pambudidaya sing temenanan. Mula, lanjute Pran, aja pisan-pisan pegot ingdalem ngusahani apa kang dadi gegayuhane urip. Supaya ora getun ing tembe mburi. Kabeh kuwi dadi pitukone sangka gegayuhan luhur kuwi.
Pitukon sing dimaksud uga lumaku ing babagan liyane. Kaya critane nalika wong duweni gendruwo. Gendruwo, miturut crita bisa dikaryakke kaya dene menungsa. Nanging kayadene menungsa, gendruwo bisa dikaryakke kanthi pitukon.
Mbah Sarkudi, warga Desa Bitingan Kecamatan Sale Kabupaten Rembang crita yen tanggane duwe gendruwo. Kabeh iku sangka crita sing lumaku ana desa kana.
"Saben malem Jumat, omahe Mbah Darsimin mesthi ngobong menyan. Kuwi wajib dileksanaake. Sakliyane kuwi kudu cepak kopi lan rokok klobot siji," ujare Sarkudi
Saben klalen ngobong menyan apadene nyepakake rokok klobot mesthi keprungu suwara glodhagan. Mengkono kuwi miturut Sarkudi keprungu dening tangga teparo. Engga kabeh ngerti yen Mbah Darsimin duweni gendruwo. Merga ngono kuwi dadi pitukone gendruwo supaya bisa dikaryakke.
"Mula bener dhawuhe para sepuh yen kabeh sing ana ing ngalam donya iki ana pitukone," ucape Sarkudi gemuyu mungkasi crita. (Zam)


0 comments:
Posting Komentar