Headlines News :
Home » » Bantal Diwalik

Bantal Diwalik

Written By Zamroni Allief Billah on Sabtu, 31 Maret 2012 | 00.09




Urip kudu tansah waspada, ngono dhawuhe para leluhur biyen-biyene. Nalika seneng kude eling yen bakale ana prakara sing ora nyenengake. Semono uga sakwalike nalika susah. Urip kuwi isine mung loro seneng lan susah. Mangkane nalika nandang kesusahan ora prayoga yen tansah nggersah. Krana bakal ana urip kepenak sing mesthine bakal tumiba.

Kabeh kudu dilakoni kanthi ati seneng. Yen ati tansah linambaran rasa narima yekti ora ana tembung nelangsa. Bisa ngrasaake yen kabeh iki wis tinitah dening gusti. Manungsa sakderma nglakoni apa kang dadi pepesthen. Seneng lan susah ora bisa disuwun nanging dadi jalma bisane mung ngusahani.

kareben urip kepenak, kudu tansah lumaku ing bebener. Yen kepingin sugih kudu kerja kanthi temen, semono uga yen kepingin pinter ya kudu sinau. kabeh kuwi wis dadi dalan kang mlebu nalar. Nanging panguwasane pengeran kuwi sejatine ya ora mung tumekane semono.

Akeh nyatane sing mergawe jungkir walik tetep mlarat. Nanging uga ora kurang sing sinau ora temenanan pintere sundhul langit. Kabeh mau ora mokal mungguhe gusti. Nanging mungguhe menungsa ora bisa mengkono. Kudu tansah ikhtiyar nadyan sakwuse lumaku kudu kapasrahake Gusti.

Urip kudu tansah diangen-angen kanthi wening. Yen durung tinemu nalar kudu diwolak walik kepriye supayane ati bisa narima peparinge gusti. Semono uga nalika ngalami panandang. Atine diwalik dipetani ingdalem urip apa wae kang wis dilakoni engga nemoni kedadiyan kuwi.

Mula, jare Mbah Kesuma, nalika turu nemoni ngimpi sing ala kudune bantale diwalik. Kuwi mono mengku karep supayane atine uga diwalik. "Mbok menawa sakdurunge turu ora dedonga nyuwun selamet maring gusti. Utawa nalika arep turu lan sakdurunge turu akeh anggone lali marang pengerane," ujare Mbah Kesuma nandhesake.

Bantale diwalik, atine lan sedyane kudu diwalik. Sing sakdurunge ora bener kudu dipenerake. Lan nalika uwis bener diwalik supayane tansah gilang gumilang. "Malik bantal kanthi ngunekake donga tulak. Tulak sangking seja alane dhiri lan seja alane liyan. Kanthi donga sakbisane ora mesthi nganggo basa arab. Yen gelem ngono yekti gusti bakal ngijabah apa kang dadi panyuwune," pungkase. (Zam)
Share this article :

0 comments:

Posting Komentar

 
Powered by : Day Milovich | SuaraRembang.net
Copyright © 2012. Omah Rembang - All Rights Reserved
Modified by Day Milovich
Proudly powered by Blogger